Visitors


Minggu, 13 November 2016

Guyon Mathon

Kresna Wahyu Ramadhani
18
XII IA 2
Guyon Mathon
Sekolah Rujukan iku diarani sekolah sing apik, RUJUKAN yen dijlentrehne tegese RU, JU karo KAN lan dhuweni makna RU= guru gurune niku sampun sae lan dipilih kanggo ngulang murid sing pinter pinter, JU= juenenge ae sekolah rujukan yo kudu apik  KAN= kan wes ngerti to artine sekolah rujukan mau opo?. Lha saiki ngenani ing njerone sekolah rujukan sing ke siji yaiku muride jan jos kabeh mosok iyo barang sepele ae contone pulpen iso ilang opo maneh liane, pling mikire cah-cah iku barang sing enek neng kelas iku “milik kita bersama” dadi enek pulpen nggangur sedilut ae wis ilang, sabun gae isuh pirang dino ae wes entek, wangi wangi sing neng kelas ae yo ngono, nanging enek sing luwih apik soko kono lan ora ono tunggale neng endi ae sekolah nyambi bakulan, iku apik gae nambahi sangune, sekolah nyambi wifian tok yo enek, sekolah nyambi nerusne turu yo enek, saiki pelajaran sing di senengi bocah sekolah kuwi malah pelajaran jam kosong, jenenge yo bacah mesti bedo bedo prinsip’e lha kabeh iki generasi akik (aktif, kreatif, inovatif, lan komunikatif). Saiki ngenani bab perkoro pelajaran adewe kan arek ipa dadi kudu iso njawab pertanyaan iki? 1. bedane aku karo saya iku opo?,sing ke loro enek kalimat acak sing bener pye kakek-nenek-mencium-ketek? Aku bangga saiki dadi warga masyarakat pare? Lha pye to saiki aku lak neng pare yo kuliner neng kono neng kene sing tak bingungi siji aku mangan neng warung sing di itung meh lawuh e segone gak di itung?  , Lha mariki kan enek acara DN sing ke 50, mugi mugi tansah pinaringan rahayu wilujeng dados sekolah sing luwih becik.
Share:

Kamis, 11 Agustus 2016

Plesir menyang Lamongan

Nama : Kresna Wahyu Ramadhani
No         : 18
Kelas : XII Mipa - 2


Plesir menyang Lamongan

Pas wayah preian Aku, Jodi, Joni, Farist lan Fahregi ngenekake rencana plesir menyang Lamongan. Dinane wis di tentukne budal tanggal 8 april 2016 nanging enek ae masalah, contone Farist kurang sedino ngretehi arep gak melu amarga ora diparingi ijin  marang Ibune, Jodi sing ngerti yen Farist ora melu, maleh melok-melok ora melu pisan alesane ora dhuwe dhuwit lan ora ana barengane, akhire Aku, Joni lan fahregi panggah budal neng Lamongan cah 3. Jam 8 isuk aku nyiapne barang-barang sing arep tak gowo menyang Lamongan, sekitar jam 12 awan Farist ngebel yen dheweke arep melu neng Lamongan, Jodi ngerti yen Farist melu budal menyang Lamongan Jodi akhire melu budal menisan. Jam 1 awan Aku budal marani Fahregi, tekan omahe Fahregi lha kok udan deres neng omahe Fahregi ngenteni sampek jam setengah 2 akhire terang lan budal marani Farist neng Tegowangi, sawise marani Farist. Aku, Fahregi lan Farist budal marani Jodi. Pas budal marani neng omahe Jodi tibake Aku lali dalan menyang omahe Jodi. Aku, Fahregi lan Farist kesasar ing desa Ketangi. Farist ngomong “ gi, awakmu jane eroh omahe Jodi opo gak to”, Fahregi “ aku lali dalane sawise sawah-sawah mau gang piro”. Aku “Ealah gi, ngono kuwi mau ngomong lak gak ngerti dalane neng omahe Jodi”saurku. Akhire Aku lan Farist takok marang wong sing neng daerah Ketangi nanging apese ora enek sing ngerti omahe Jodi. Jodi di telpon ora diangkat meh sak jam ngenteni neng Ketangi, sawise ngono saka kadohan ketok Jodi marani. Jodi nakok’i “ Lha kok iso saka kene barang, kok ora liwat suminar ae”. Farist ngomong “ iki mau gara-gara Fahregi jarene ngerti omahmu tibakne gak ngerti”. Fahregi mangsuli “ Jenenge wong lali di apak apakne panggah lali”. Aku “Durung teko Lamongan ae wis kesasar opo maneh teko kono”. Akhire sekitar jam 3 teko omahe Jodi, pamitan terus budal neng omahe Joni desa Kunjang. Aku, Jodi, Fahregi lan Farist ora ono sing ngerti omahe Joni kuwi sing endi akhire kesasar maneh neng sawah sawah. Mari ngono Jodi ngebel Joni, Jodi “ Jon, aku wis tekan sawah sawah iki terus nyang endi”. Joni mangsuli “ sawah sawah kuwi lurus engko yen enek pertelon ke loro nganan terus lurus engko enek gang ke loro ngirio aku neng ngarep omah”. Aku “ Ealah omahe daerah plosok , koyoke iki engko kesasar maneh”. Farist ngersulo “Omahe Joni angel eram golekane”. Sawise tekan Omahe Joni, pamitan Mbahe Joni terus budal menyang Lamongan. Ing perjalanan karo Joni di jak menyang SPBU jombang “Rek sholat dhisik, ngisi-ngisi bensin dhisik “.
         Akhire kabeh sholat lan ngantri ngisi bensin, sekitar jam 4 sore perjalanan di terusne Aku di gonceng Jodi, Farist di gonceng Fahregi, Joni dewean, Joni neng ngarep amargo sing ngerti dalane. Sak tekane ing perbatasan Jombang-Lamongan. Kabeh mandek dhisik fotonfoto ing gapura selamat datang di Lamongan sing enggone ing tengan alas, sawise foto-foto perjalanan di terusne. Sekitar jam 6 bengi kabeh leren dhisik ing SPBU sholat , perjalanan di lanjutne. Aku sing di gonceng Joni takok “ Jon iki ijik adoh”. Joni wangsuli “ 60 km meneh”. Sawise tekan dalan pantura Aku takok maneh “Jon iki ijik adoh opo gak ”. Joni wangsuli “ 20 km meneh kilo meneh”. Aku “ Adohmen to omahe Mbahmu”. Sekitar jam 8 bengi Aku, Jodi, Joni, Farist lan Fahregi tekan ing Kota Lamongan perjalanane mboseni amarga dalane lurus, peteng lan akeh truk. Fahregi sing goncengan karo Farist takok “jon iki jik  opo gak”. Joni nyauri “ sekitar 15 km maneh rek, santai ae”. Farist ngersulo “ ket mau kok jik adoh to Jon jane omahe mbahmu endi to”. Sekitar jam setengah 9 kabeh mandek neng indomaret blonjo blonjo jajan lan ngombe. Aku neng ngarep karo Farist omong-omongan “ peh Rist adoh eram omahe mbahe Joni”. Farist “ iyo e mbuh wi Joni di takoki kurang 20 km, 15 km, ngono tibak luwih adoh “. Sawise blonjo-blonjo perjalanan di terusne, Jodi takok neng Joni “Jon iki ijik adoh”. Wangsulane Joni “ iki sekitar 6 km maneh Jod, sabar”. Jodi “ tenan iki 6 km maneh”. Sekitar 20 menit tekan omahe mbahe joni, salaman lan langsung neng kamar. Joni ngejak neng alun-alun “ rek ayo neng alun-alun”. Jodi “ayo Jon adoh gak alun-alune”, Fahregi “ ayo pumong neng Lamongan kapan iso mrene bareng bareng”, Joni wangsuli “sekitar 25 km teko kene”, Aku “25 km Jon, gak kurang adoh”, Farist “ kesel Jon-Jon sesok ae lah durung mangan iki”. Mbahe Joni masak lan kabeh mangan bareng neng mburi.
           Sawise mangan lan salin kabeh langsung mlebu kamar, neng kamar Aku ngletak merga kesel liyane malah ndelok tv nanging Fahregi malah dolanan laptop, kabeh sepakat lak sesok budal neng pantai Delegan sekitar jam 11 kabeh lagek turu. Sesuk’e sekitar jam 8 kabeh lagek tangi, tangi terus mangan pas jam 9 budal menyang pantai Delegan, perjalanan sekitar sak jam. Akhire tekan pantai neng kono foto-foto, dolanan banyu lan mangan jajan sing di tuku wingi. Jam 2 kabeh ngejak muleh, tekan omahe mbahe Joni terus mangan lan mlebu kamar leren, Joni lan Jodi langsung mapan turu Aku Farist lan Fahregi ndelok film neng laptop sampek jam 5 adus, sholat mangan bar maghrib budal menyang alun-alun Lamongan. Sak tekone neng alun-alun terus foto-foto lan nggolek mangan, akhire ngopi , urunan tuku jajan lan nyantai gak kroso wes jam 9 bengi. Muleh menyang omahe mbahe Joni , sak tekane neng omahe mbahe Joni langsung mlebu kamar turu amarga kesel. Sekitar jam 2 esuk Joni nggugah arek-arek “ rek tangi tangi ndelok bal balan.” Akhire Aku karo Joni sing ndelok bal-balan, saking  serune  Joni bengok-bengok, akhire jam 4 isuk Aku karo Joni lagek turu. Sekitar jam 7 kabeh pada tangi terus adus, mangan lan pamitan marang mbahe Joni yen kabeh arep wangsul menyang Kediri. Jam 9 lagek budal menyang kediri ing perjalanan Aku sing goncengan karo Jodi mlaku kalem-kalem amargo numpak motor bebek, Joni, Fahregi lan Farist sing numpak motor matic iso mlayu banter dalan sing di liwati akeh bolongane lan truk gedhi-gedhi. Sakwise tekan alas lamongan jam 11 kabeh leren neng warung pinggir dalan ngopi-ngopi lan mangan jajan foto-foto. Perjalanan di terusne akhire sekitar jam 1 lagek teko omahe mbahe Joni sing Kunjang. Leren sedilut , Aku budal maneh ngeterne Jodi Fahregi budal ngeterne Farist. Tekan omah jam 3 sore Aku langsung mapan turu amarga kesel.

Share:

Minggu, 14 Februari 2016

Penelitiane cah Ipa

cerita berawal dari beberapa orang yang masuk jurusan di SMA, suatu hari ada anak bertanya kepada gurunya tentang penemuan atau penelitian
Ani : pak apa yang kita akan teliti
Pak Guru : tentang persilangan 2 buah anak-anak
Budi : kenapa mesti buah pak
Pak Guru : kan mudah carinya
Ani : buah apa pak
Pak Guru : terserah yang penting beda atau jenis buahnya
Budi : ehh... Ani dirumahku persilangan antara mangga manalagi sama mangga podhang
Ani : wahhh... emang jadinya apa Bud
Budi : jadinya Es kopyor
Ani : hahhadeh ...alah itukan cuma 2 macam, dirumahku malah 3 macam
Budi : 3 macam hebat kamu ya....emang apa aja
Ani : ya lah... pisang, kelapa, ketela
Budi : wuuiiihh emang jadinya apa
Ani : jadinya ya kolak lah gimana to kamu
Budi : hahahahhah bener juga ya ???
Share:

Kamis, 11 Februari 2016

Urutane Mata Angin

kita urip kudu enek tuntunane conto'e koyok arah mata angin

TIMUR, SELATAN, UTARA, lan BARAT.
sak contone
TIMUR : TI tegese ati-ati, MUR tegese marang umur, kita urip kudu ati-ati marang umur mergane umur kuwi ora bisa di prediksi.
SELATAN : SELA tegese jeda utawa tengah-tengah, TAN tegese Sholawatan, kita neng sela-selane urip iku kudu sholawatan utawa dzikrullah (eleng marang gusti Allah ).
UTARA : tegese urip mung sementara, ora enek urip selawase. kullu nafsin dzaiqotul maut (mahluk sing nduweni nyawa bakale pasti mati
BARAT : nduweni teges lak wes bar kundur neng akhirat. dadi manungsa sing wes mati bakal kundur neng akhirat lan urip selawase.
Share:

Selasa, 09 Februari 2016

lucu and gokil


Yudo : awakmu ijik eleng gak lagu posyandu
Yudi : apal malahan
Yudo : yowes..ayo nyanyine sambung nyambung
Yudi : wani ae aku.....suit mulai
Yudo :  Aku anak sehat
Yudi : tubuhku kawat
Yudo : goblok to awakmu kok iso kawat, sing bener kuat
Yudi : ealah salah to............. yo sepurane
Yudo : mbaleni. aku anak sehat
Yudi : tubuhku kuat
Yudo : karena ibuku
Yudi : turunan penjahat
Yudo : kopyor to lak'an
Yudi : lha opo sing bener
Yudo : Rajin dan cermat
Yudi : iyo iyo
Yudo : semasa aku bayi
Yudi : slalu diemik'i sapi
Yudo : salah le le sing bener , slalu di beri ASI
Yudi : ngele lhe tak critani ndisik ASIne gak metu maleh ngombe susu sapi
Yudo : yowes lanjut, makanan bergizi
Yudi : dan kumkuman wesi
Yudo : lak yo bongko ngombe kum kuman wesi
Yudi : salah meneh
Yudo : sing bener makanan bergizi dan imunisasi
Yudi : oke lanjut
Yudo : Berat badanku ditimbang selalu Pos Yandu menunggu
Yudi : menunggu karepmu
Yudo : kok iso karepmu
Yudi : lho carane lak gak wayahe neng posyandu kan gak mrono
Yudo : oh iyo yo
Yudi : ngomong karo awakmu gak nutut
Yudo : Bila aku diare
Yudi : ibukmu di slentak jaran
Yudo : yo ngesakne to
Yudi : lha benere pye kok salah ae
Yudo : bila aku diare Ibu selalu waspada
Pertolongan oralit

Yudi : selalu setiap sedia,,,,,oooo laila soto
Yudo : kok ngadrah laila soto barang to
Yudi : kene melok bend
Yudo : alah paling alextone
Yudi : rumangsamu opo le le
Share:

Jumat, 05 Februari 2016

Tebak-Tebakan

Ayo main tebak tebakan

A "kamu tau nggak tentang logo"
B "alah gampang kalau soal gituan"
A " logonya rumah sakit "
B " palang merah "
A " rumah makan"
B " sendok dan garpu"
A " oo,,, pinter kamu berarti, tapi aku masih bingung logonya ini apa"
B " emang logonya apa "
A " kalau Rumah Khitan apanya "
B "hhmmm gunting"
A " itu kan Tukang potong rambut"
B " pisau"
A " itukan tukang jagal"
B " lha terus apa "
A " aku yo gak ngerti"
Share:

Petak Umpet

cerita berawal dari permainan 3 orang anak namanya Bego, Otak, Mati

Suatu hari mereka sedang bermain petak umpet, dan yang jaga Bego. Bego pun menghitung sampai 10, setelah itu Bego mulai mencari setelah beberapa menit Bego nemuin Otak di WC. setelah nemuin Otak di WC, Bego mau nyari Mati. pas Bego lewat jalan raya ada truk mau nabrak Bego. Sang sopir pun langsung ngomong
Sopir truk "Eh kamu Bego ya"
Bego "iya bang"
Sopir truk "Otak dimana"
Bego menjawab " Otak di WC tadi bang."
Sopir truk "ha...kamu nyari Mati ya"
Bego " iya bang"
Sopir truk "sebentar ini yang salah siapa"
Bego " sebenarnya gak ada yang salah kok bang ,,yang salah pembacanya aja  "
Share:

Online


Ganti Background Blog Ini!


Get Widget

Mengenai Saya.

Kediri, Kediri, Indonesia
Matur Suwun kulo aturaken engkang sampun rawuh dhateng mriki
Diberdayakan oleh Blogger.

Blogger templates